Bergabunglah di Grup WhatsApp PTS, ikuti Program Tadarus setiap periode 15 hari DISINI
{{ date }}
{{ time }}
Sudah SHOLAT kah Anda?

Pengertian dan Jenis Kurup

Pengertian Kurup dan Jenis Kurup serta Perbedaan Perhitungan Bulan menurut Kurup Tertentu
Pengertian Kurup dan Jenis Kurup serta Perbedaan Perhitungan Bulan menurut Kurup Tertentu
Pengertian Kurup dan Jenis Kurup

Pengertian Kurup

Kurup iku pétungan wektu ing Kalèndher Jawa kang umuré watara 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup kang ngakibataké cacahing dina lan neptu owah saka kurup siji lan sijiné. Tanpa ngitung migunakaké kurup kang bener bakal nuwuhaké kasalahan kang akèh kadadéan. Contoné ing taun Masehi 2009 kuduné nganggo pétungan kurup Salasiyah utawa ASAPON (Alip Selasa Pon), nanging isih akèh kang klèru nganggo tabel utawa pétungan saka kurup sadurungé yakuwi Kurup Arbangiyah utawa ABOGE (Alip Rebo Wagé) kang sajatiné wis rampung ing taun 1936 Masehi.

Contoh Tabel Kurup

Tabel Kurup Asapon
Contoh Tabel Kurup

Jenis-Jenis Kurup

Jeneng kurup antarané:
  1. Kurup Jamingiyah. Diwiwiti Jemuwah legi tanggal 1 Sura Taun Alip 1555, windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Rebo Wagé tanggal 29 Besar Taun 1674 Jimakir Windu Sancaya. Umur 120 taun.

  2. Kurup Kamsiyah. Diwiwiti dina Kemis kliwon tanggal 1 Sura taun Alip 1675, windu Adi, wuku Langkir, nganti dina Selasa Pon tanggal 29 Besar taun Jimakir 1746, windu Adi, wuku Kulawu. Umur 72 taun.

  3. Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup Abogé (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.

  4. Kurup Salasiyah Pon utawa kaloka kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) kang diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867, Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi. Umur 120 taun.

  5. Kurup Isneniyah kang diwiwiti dina Senèn Paing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.

Umur wulan utawa sasi miturut Kurup

Kurup Arbangiyah / ABOGE

Umur wulan ing Kurup Arbangiyah kaca kacetha sajeroning tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah /ABOGE (wiwit nganti 1936 M)
Jeneng wulan JawaJeneng wulan IslamTaun Jawa
1,3,6,7
Taun Jawa
2.4.8
Taun Jawa
5 (Taun Dal)
SuraMuharram303030
SaparSafar292930
MuludRabiul Awal303029
BakdamuludRabiul Akhir292929
JumadilawalJumadil Awal303029
JumadilakhirJumadil Akhir292929
RejebRajab303030
RuwahSya'ban292929
PasaRamelan303030
SawalSyawal292929
SelaDzulkaidah303030
BesarDzulhijjah293030

Kurup Salasiyah / ASAPON

Umuré wulan ing Kurup Salasiyah / ASAPON kaya kacetha sajeroning tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Salasiyah / ASAPON (wiwit 1936 M nganti 2052 M)
Jeneng wulan JawaJeneng wulan IslamTaun Jawa
1,3,6,7
Taun Jawa
2.4.8
Taun Jawa
5 (Taun Dal)
SuraMuharram303030
SaparSafar292930
MuludRabiul Awal303030
BakdamuludRabiul Akhir292929
JumadilawalJumadil Awal303030
JumadilakhirJumadil Akhir292929
RejebRajab303030
RuwahSya'ban292929
PasaRamelan303030
SawalSyawal292929
SelaDzulkaidah303030
BesarDzulhijjah293029

Réferènsi

Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon déning H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4.

Terima kasih telah membaca artikel kami yang berjudul: Pengertian dan Jenis Kurup, jangan lupa IKUTI website kami dan silahkan bagikan artikel ini jika menurut Anda bermanfaat. Simak artikel kami lainnya di Google News.

Pengalaman adalah Guru Terbaik. Oleh sebab itu, kita pasti bisa kalau kita terbiasa. Bukan karena kita luar biasa. Setinggi apa belajar kita, tidahlah menjadi jaminan kepuasan jiwa, akan tetapi yang paling utama adalah seberapa besar kita memberi manfaat kepada sesama.