Bergabunglah di Grup WhatsApp PTS, ikuti Program Tadarus setiap periode 15 hari DISINI
{{ date }}
{{ time }}
Sudah SHOLAT kah Anda?

Kalender Abadi Kurup Asapon Kolaborasi Jawa dengan Hijriyah

Tabel Kalender Abadi Kurup Asapon Rumus Penghitungan Kolaborasi Kalender Jawa dengan Kalender Hijriyah
Tabel Kalender Abadi Kurup Asapon Kolaborasi Kalender Jawa dengan Kalender Hijriyah
Kalender Abadi Kurup Asapon

Kurup Asapon (Alip Selasa Pon) ya iku kurup kang diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867, Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masèhi. Petungan dina kurup iki kang saiki lumaku.

Kurup sadurungè Asapon ya iku kurup Abogé.

Wiwitan dina saben sasi ing sajeroné kurup Asapon ya iku :

TaunTibane Dina ing Tanggal Siji
SuraSaparMuludBakdamuludJumadilawalJumadilakirRejebRuwahPasaSawalDulkaidahBesar
AlipSelasa PonKemis PonJemuwah PahingNgahad PahingSenèn LegiRebo LegiKemis KliwonSetu KliwonNgahad WagéSelasa WagéRebo PonJemuwah Pon
EheSetu PahingSenèn PahingSelasa LegiKemis LegiJemuwah KliwonNgahad KliwonSenèn WagéRebo WagéKemis PonSetu PonNgahad PahingSelasa Pahing
Jimawal Kemis PahingSetu PahingNgahad LegiSelasa LegiRebo KliwonJemuwah KliwonSetu WagéSenèn WagéSelasa PonKemis PonJemuwah PahingNgahad Pahing
Je Senèn LegiRebo LegiKemis KliwonSetu KliwonNgahad WagéSelasa WagéRebo PonJemuwah PonSetu PahingSenèn PahingSelasa LegiKemis Legi
Dal Jemuwah KliwonNgahad KliwonSenèn WagéRebo WagéKemis PonSetu PonNgahad PahingSelasa PahingRebo LegiJemuwah LegiSetu KliwonSenèn Kliwon
Be Rebo KliwonJemuwah KliwonSetu WagéSenèn WagéSelasa PonKemis PonJemuwah PahingNgahad PahingSenèn LegiRebo LegiKemis KliwonSetu Kliwon
Wawu Ngahad WagéSelasa WagéRebo PonJemuwah PonSetu PahingSenèn PahingSelasa LegiKemis LegiJemuwah KliwonNgahad KliwonSenèn WagéRebo Wagé
Jimakir Kemis PonSetu PonNgahad PahingSelasa PahingRebo LegiJemuwah LegiSetu KliwonSenèn KliwonSelasa WagéKemis WagéJemuwah PonNgahad Pon

Penanggalan jawa kang nggunakaké rumus ing ndhuwur iku ana kalane gèsèh karo penanggalan Hijriyah sanajan padha-padha dhedhasar lakuné rembulan. Gèsèhing dina iki bisa dadi pitakonan tumrap wong kang kurang mangerti penanggalan, kaya ta nalika pèngetan 1 Sura 1944 Bé (2010 M) kang ora bareng karo 1 Muharram 1432 H. Kedadéan iku malah banjur digayutaké karo prakara liya kaya ta masalah pulitik ing sajeroning Kraton Kasunanan.

Kalèndher abadi kurup asapon dening Johan Hudaya lan Witono
Kalèndher abadi kurup asapon dening Johan Hudaya lan Witono

Kanggo amrih gampang nentokaké dina lan pasaran ing kurup Asapon, Johan Hudaya lan bapaké, Witono ngengréka piranti kang diarani kalèndher abadhi kurup Asapon rupa cakra kang bisa diputer. Kanggo nentokaké dina lan pasaran, larahané mangkéné :
  1. puter cakra werna ireng menyang sasi kang dipingini;
  2. puter cakra werna ijo lan dipaské jeneng tauné marang jeneng taun kang trep ing sisih ngisor
  3. cocogkaké cakra tanggal marang cakra dina lan pasaran kang pener.

Umpamané conto ing gambar, ing sasi Bakdamulud taun Dal, tanggal sijiné pinuju dina Rebo Wagé.

Sumber : https://jv.wikipedia.org/wiki/Kurup_Asapon

Terima kasih telah membaca artikel kami yang berjudul: Kalender Abadi Kurup Asapon Kolaborasi Jawa dengan Hijriyah, jangan lupa IKUTI website kami dan silahkan bagikan artikel ini jika menurut Anda bermanfaat. Simak artikel kami lainnya di Google News.

Pengalaman adalah Guru Terbaik. Oleh sebab itu, kita pasti bisa kalau kita terbiasa. Bukan karena kita luar biasa. Setinggi apa belajar kita, tidahlah menjadi jaminan kepuasan jiwa, akan tetapi yang paling utama adalah seberapa besar kita memberi manfaat kepada sesama.