Bergabunglah di Grup WhatsApp PTS, ikuti Program Tadarus setiap periode 15 hari DISINI
{{ date }}
{{ time }}
Sudah SHOLAT kah Anda?

Kumpulan 74 Syair (Puji-Pujian) Wali Tanah Jawa

Kumpulan 74 Syair atau Pujian Walisongo Tanah Jawa
Kumpulan 74 Syair (Pujian) Wali Tanah Jawa

Berikut adalah Sholawat (Pujian/Syair) peninggalan Wali Tanah Jawa, yang sampai sekarang masih kental dipakai oleh orang-orang tua, dan kita sebagai generasinya bukanlah suatu kesalahan untuk mempelajari dan mengamalkannya dengan tujuan Tabarukan (Ngalap Barokah) kepada para Wali dan Ulama’ pendahulu kita. Dan inilah tradisi yang sangat penting untuk kita jaga, karena maksud dan artinya sangatlah mendalam, dan penyampaiannya sangat transparan sehingga mudah kita pahami.

Rukun Iman (1) (Subuh)

سُبْحَانَ اللهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ (الله). وَلآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ. لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ.
عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ.
آمَنْتُ بِاللهِ وَمَلآئِكَتِهِ وَكُتُبِهِ (الله) وَرَسُولِهِ. وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَبِالْقَدَرِ خَيْرِهِ. وَشَرِّهِ مِنَ اللهِ تَعَالَى.

Rukun Iman (2) (‘Isya)

يَا رَسُوْ..لَ اللَّهْ- اَللَّهْ- سَلاَمٌ عَلَيكْ
يَا رَفِيْعَ الشَّانِ (وَ-نِ) وَالدَّرَج ِ
Rukunipun iman wajib den weruhi
Nenem cacahe bejo wong kang meruhi

(1) Siji ngandel wujude Alloh tan mamang
Dzat kang gawe kabeh mahluq tanpo rewang
Kabeh mahluq bakal sowan mring pengeran
Kaprikso olo becik lakuning badan
Panca ndriyo limo matur ijen-ijen
Datan biso gorohake ing pendangon

(2) Loro ngimanaken malaekate Alloh
Den titahake ngibadah mring dzate Alloh
Malaekat tanpo romo ibu sami
Moho nuce-ake Alloh rino wengi
Lan kang ngrekso kabeh mahluq langit bumi
Nyuwunake kabejan mring jalmo sami
Lan kang dadi duta nurunke rejeqi
Sekehe leloro sepadane gonta-ganti

(3) Telu ngimanake mring kitabe Alloh
Den turunke mring utusane Alloh
Nabi dawud katurunan kitab Zabur
Musa katurunan Toret nggo pitutur
Nabi Isa ngasto Injil keparingan
Njeng nabi Muhamad keparingan Qur’an
Kitab Qur’an mujizat kang dantan lawan
Nyapengati mring jin serto insan
Supangate Rosul kaungkulan Qur’an
Mulo bejo wong kang nderek dawuh Qur’an
Moco Qur’an toto kromo bener mapan
Supangate Qur’an ngunggahake izinan
Poro mahluq biso seneng sarto mapan
Biso mangan ngumbe ugo berkah Qur’an

(4) Papat ngimanaken mring utusane Alloh
Rosul temen neka-ake dawuhe Alloh
Alloh ngutus mring utusan kanggo conto
Mring kito poro menungso kelawan nyoto
Lan kang dadi obor jagat ingkang roto
Sirnane utusan kito rusak lampah kito

(5) Limo ngimanake dinone Qiyamat
Dinone pungkasan ingkang lamat-lamat
Bintang-rembulan bumi langit ajur bentusan
Sirno ilang datan katon manungso kewan
Poro mahluq sirno datan urip katon
Sa’liyane Alloh dzat kang noto lelakon
Sa’ banjure bumi ngetoke simpenan
Metu saking kubur koyo wong kranjingan
Tangi saking kubur bingung pating blulung
Sambat njaluk tulung tan ono wongkang biso nulung
Bapak biyung lali anak lali kadang
Lali ngorat banget susah-e lan wirang
Wotsirotol mustaqim lembut landep (rumbil) gonjang ganjing
Yen ra-oleh pitulung nyemplung neroko manjing

(6) Nenem ngimanake pestene pengeran
Neroko suwargo pugkasan ono tenan
Pesten wongkang angas mampang mring-da wuh Qur’an
Den ancam neroko langgeng tan pungkasan
Pesten wongkang nderek dawuh(e) Alloh lan utusan
Den ebang suwargo widodari wildan

Nyuwun kulo mring Alloh kang sifat Rohman
Nitipno ing kito telogo poan
Mugi ngrekso ing.. kito duh.. pengeran
Sikso neroo..ko kubur-pitakonan
Mugi nglebet..no.. ingkito kempal mu’min
Lumebet ing suwargo Amin ya Amin

Rukun Islam (Maghrib)

اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ ..
Eling-eling wong urip bakale mati..
Ojo bungah maring dunyo mulyo mukti
Luru ngelmu wong ngibadah ingkang ngerti..
Murih ngamal wiwit urip tumeko mati

Wajib pasrah wong ngandel maring pengeran
Sarto nderek marang nabi kang pungkasan
Rukune islam iku limang perkoro..
(1) Ingkang dingin ngucapaken sahadat loro

(2) Kaping pindo manjing wektu kudu solat
(3) Kaping telu lamon sugih aweh zakat
(4) Kaping papat puoso wulan romadhon
(5) Kaping limo munggah haji lamon kuwoso.

Ati-Ati Urip Ning Alam Dunyo (‘Isya)

اَللّٰهُـمَّ صَلِّ.. صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَافِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ ..
Sopo wonge wani ninggalake solat
Titenono yen siro lagi sekarat
Lara banget nganti ora biso sambat
Ditekani pirang – pirang malaikat
Sa’ wuse mati di.. kubur ditinggal lungo
Ditekani malaikat ingkang loro
Malaikat teko nggowo alat sikso
Mulo ngati – ati urip ning alam ndunyo

Laa Khaula (Maghrib)

لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ ..
لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ ..
إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ....، إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ
Mboten wonten doyo lan mboten kiyat
Mboten wonten doyo lan mboten kiyat
Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh
Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh
Sifate Alloh kang moho luhur
Sifate Alloh kang moho luhur
Sifate Alloh kang moho Agung
Sifate Alloh kang moho Agung

Lahir Nabi (Magrib)

اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ
Gusti kanjeng nabi, lahire ono ing mekkah..,
dinten isnen tanggal rolas tahun gajah..,
ingkang ibu asmane siti aminah ..,
ingkang romo asmane sayyid Ngabdulloh.

Kehususan Nabi

(Dibaca Sehabis Wiridan Ba’da Sholat)
لَمْ يَحْتَلِمْ قَطُّ طٰهَ مُطْلَقًا أَبَدَا
Kanjeng Nabi Muhammad ora tahu ingimpi olo
وَمَا تَثَائَـبَ أَصْلاً فِىْ مَدَى الزَّمَنِ
Lan ugo o-ra tahu angob sa’lawase mongso
مِنْهُ الدَّوَابُ فَلَمْ تَهْرَبْ وَمَا وَقَعَتْ
Gegremetan ora podo mlayu maring njeng nabi
ذُبَابَةٌ أَبَدًافِى جِسْمِهِ الْحَسَنِ
Saking baguse badan laler menclok ora wani
بِخَلْفِهِ كَأَمَامٍ رُؤْيَةٌ ثَبَتَا
Podo wae priksaan mburi karo ngarepan
وَلَايُرٰى إِثْرُبَوْلٍ مِنْهُ فِيْ عَلَنِ
Lan ora ono labete uyuh ingda-lem klahiran
وَقَلْبُهُ لَمْ يَنَمْ وَالْعَيْنُ قَدْ نَعَسَتْ
Lan penggalihe ora sa-re tapi peningale
وَلَايُرَى ظِلُّهُ فِى الشَّمْسِ ذُوْ فَطَنِ
Lan lamon pepanasan tanpo o-no layange
كَتْفَاهُ قَدْ عَلَتًا قَوْمًا إِذَاجَلَسُوْا
Lan pundak lorone ngunggu-li wong le-lenggahan
عِنْدَالْوِلاَدَةِ صِفْ يَاذَا بِمُحْتَتَنِ
Lan naliko den putro-a-ken wus den sunati
هَذِه الَخَصَائِصُ فَاحْفَظْهَا تَكُنْ أَمِنَ
Iki khosi-at rolas ayo podo den apalno
مِنْ شَرِّنَارٍ وَسُرَقٍ وَمِنْ مِحَنِ
Supoyo sla-met soko geni maling lan cubo

Sholat Jamaah

اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ
Sing sopo wonge ora gelem jamangah solat, mengko ora ulih pitulikur drajat.
He poro konco podo sregep jamangah solat, (mengko bakal ulih pitulikur drajat)

Ngajjilu (‘Isya)

عَجِّلُوْا .. عَجِّلُوْا ..بِالصَّلاَةِ قَبْلَ الْفَوْت
وَعَجِّلُوْا ..وَعَجِّلُوْا ..بِالتَّوْبَةِ قَبْلَ الْمَوْت
Age age ayo Sholat.. mumpung durung entek wektune..
Age age ayo Taubat.. mumpung durung ketekan patine..

Ketika Azdan (Magrib)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ
He sedulur sa uwise ono azdan
ojo podo katungkul omong-omongan,
enggal enggal podo wudu terus dandan,
mlebu mesjid lakonono kesunatan,
solat sunat ojo nganti ketinggalan
nunggu imam sinambi puji-pujian,
imam teko dikomati terus sembayang,
bar sembayang ojogiri bubar durung wiridan.

Sahabat Nabi Diwulang Ngaji (Magrib)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
Abu bakar sohabat nabi
Umar usman sayyidina ngali.
Poro putro diwulang ngaji yen mboten saged pasrah pak kyai
Ngaji qur’an, kitab, berzanji yen mboten saged tentune rugi..
Rugi ndunyo ora dadi opo rugi akherat bakal ciliko
Ono ing kubur bakal disikso
Mungkar nakir kang bakal nyikso…

Sahabat Ngaji Awit Cilik (Isya)

عِبَادَاللهْ.. رِجَالَ اللهْ.. أَغِيْثُنَا لِأَجْلِ اللهْ
وَكُنُوْا عَوْنَنَا لِلّٰهْ..عَسٰى نَحْظٰى بِأَجْلِ اللهْ
Wiwit cilik diwulang ngaji
Besuk gede dadi wong aji
Ngaji iku okeh ragade
Ojo eman marang sangune

Bocah cilik ayo podo ngaji
Besuk gede supoyo ngerti
Ngaji iku suwe mangsane
Ojo wegah marang angele

Senejan angel koyo ngopo
Suwe suwe mesti biso
Ayo konco neng madrasah
Papan ngaji Bocah-bocah

Ojo ngaji semoyo tuwo
Durung karuan umurmu dowo
Ojo ngaji sumoyo sugih
During sugih nyowo wis mulih

Sayyidul Istighfar (Ashar)

أَللّٰهُـمَّ أَنْتَ رَبِّىْ .. لاَ إِلٰهَ إِلاَّ أَنْتَ خَلَقْتَنِيْ وَاَنَا عَبْدُكَ وَاَنَا عَلَى عَهْدِكَ.. وَوَعْدِكَ مَااسْتَطَعْتُ أَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّمَا صَنَعْتُ أَبُؤُ لَكَ بِنِعْمَتِكَ عَلَيَّ وَأَبُؤُ بِذَنْبِيْ فَاغْفِرْلِيْ فَإِنَّهُ لاَيَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلاَّ أَنْتَ.

Istighfar Minkulli Zdambi

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمْ ..، مِنْ كُلِّ ذَنْبِ الْعَظِيمْ
لاَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلاَّ رَبُّ الْعاَلَمِيْن

Istighfar Mugi Muwuhi Rohmat (Cocok Subuh)

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمْ .. اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمْ ..
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمْ اِنَّ اللهَ غَفُورٌ رَحِيمْ
Gusti Alloh kulo nyuwun ngapuro 2x
Sekathahe duso kulo
Duso agung kelawan ingkang alit

Mboten wonten ingkang saged ngapuro 2x
Sanesipun Tuhan kang moho agung
Kang ngratoni sekathahe poro ratu

Nggih meniko Alloh asmane 2x
Kang kagungan sifat Rohman
Kang kagungan sifat Rokhim
اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ.. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ ..
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ مُحَمَّدْ
Gusti Alloh mugi muwuhi Rohmat 2x
Dumateng kanjeng nabi Muhammad
Soho dateng kawulo warganipun
لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ .. لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ
لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ ..إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهْ ..
مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللهْ.. صَلَّ اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ

Istighfar Robbal Baroya (Cocok di Subuh)

أَسْتَغْفِرُاللهْ.. رَبَّ الْبَرَايَا أَسْتَغْفِرُاللَّهْ.. مِنَ الْخَطَايَا
رَبّـِيْ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعَا .. وَوَافِقْنِيْ عَمَلاً صَالِحَا ..
وَأَغْنِيْ رِزْقًا حَلَلاَ .. وَأكْتُبْ عَلَيْنَا تَوْبَةً نَصُوْحَا ..
وَأكْتُبْ عَلَيْنَا تَوْبَةً نَصُوْحَا .. يَاحَنَّانُ يَامَنَّانُ يَادَيَّانُ يَاسُلْطَانْ

Istighfar Masayikhina

أَللّٰهُـمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِنَا وَلِمَشَايِيْحِنَا وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْن وَالْمُسْلِمَاتْ
Duh gusti kulo nyuwun ngapuro
Sekathahe duso kulo…
Lan dosane tiang sepah kalih kulo
Lan dosane guru (guru) kulo
Lan dosane tiang islam lanang wadon
Lan dosane mukmin lanang lan mukmin wadon

Istighfar Robbana Zdolamna

رَبَّنَا يَارَبَّنَا ..، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا
وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا ...وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّا مِنَ الْخَاسِرِينْ

Istighfar Allohhummaghfirli (Isya)

أَللّٰهُـمَّ اغْفِرْ لِيْ ذُنُوْبِيْ وَلِوَالِدَيَّ
وَارْحَمْهُمَا .. وَارْحَمْهُمَا ..كَمَا رَبَيَانِيْ صَغِيْرَا
Ya Alloh kulo nyuwun ngapuro
Sekathahe duso kulo…
Lan dosane bapak ibu kulo
Ugi umat islam sedoyo 2x

Istighfar Khayul Qoyyumu (‘Asar / Magrib / Isya)

اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمْ .. أَلَّذِي لاَإِلَهَ ... إِلاَّ هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّوْمُ .. وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ

Istighfar Ya Khayyu ya Qoyyumu (‘Asar/subuh)

يَاحَيُّ يَاقَيُّومْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ
يَاحَيُّ يَاقَيُّومْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ
سُبْحَانَكَ إِنِّيْ ..سُبْحَانَكَ إِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّاَلِمِينْ

Istighfar Asyhadu Alla (Waktu Sahur)

أَشْهَدُ أَنْ لاَإلَهَ إِلاَّاللهْ... اَسْتَغْفِرُالله..أَسْأَلُكَ الْجَنَّةَ -
وَأَعُوْذُ بِكَ مِنَ النَّارْ.. أَللَّهُـمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ . .
تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّيْ ..

Istighfar Afuwwun Karim (Maghrib)

أَللّٰهُـمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمْ..
تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّيْ يَاكَرِيمْ..
Duh gusti alloh kulo nyuwun dipun ngapunten
Sekathahe duso kulo enjang sonten
Menawi mboten ya Alloh dipun ngapunten
Ingkang bade paring maghfiroh puniko sinten

Istighfar Birohmatikal Wasinga (Subuh)

لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا.. أَرْحَمَ الرَّاحِمِينْ.. إِ رْحَمْنَا..
بِرَحْمَتِكَ الْوَاسِعَةْ ..يَاحَيُّ يَاقَيُّومْ .. يَاغَفَّارُ الذُّنُوبْ..
يَاذَا الْجَلالِ وَالْأِكْرَامْ.. آمِتْنَا عَلى الدِّيْنِ الْإِسْلاَمْ

Istighfar Subhanaka Inni (Subuh)

لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ .. سُبْحَانَكَ إِ نِّيْ .. كُنْتُ مِنَ الظَّالِمِينْ

Khusnul Khotimah

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ
وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ
لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهْ... أَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينْ
مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللهْ... صَادِقُ الْوَعْدِ الْآمِينْ
Ya Alloh kulo nyuwun umur panjang ingkang berkah
Ya Alloh kulo nyuwun benjang pejah husnul khotimah

Anta Salam

اَللَّهُـمَّ أَنْتَ السَّلَامْ ، وَمِنْكَ السَّلاَمْ ، وَإِلَيْكَ يَعُوْدُ السَّلاَمْ ، فَحَيِّنَا رَبَّنَا بِالسَّلاَمْ ،وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ دَارَالسَّلاَمْ

Sapu Jagat

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنَةْ وَفِي الآخِرَةِ حَسَنةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارْ
Duh gusti Duh gusti paring rohmat kesahenan
kesahenan wonten ing dunyo
Keslametan wonten akherat..
Ugi jagi saking sikso neroko

Njaluk Udan (Maghrib saat kemarau)

اَللَّهُـمَّ أَسْقِنَا غَيْثَا مُغِيْثَا وَلاَ تَجْعَلْنَا مِنَ الْقَانِطِينْ
Duh gusti Alloh mugi nyiram kulo
Kelawan udan ingkang nylametaken
إِسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّاراَ يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَاراَ
وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَّبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ وَّيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَاراَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنةْ وَفِي الآخِرَةِ حَسَنةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارْ

Tauhid (‘Isya)

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهْ.. هُوَ اللهْ خَالِقُ الْعِبَادْ..
مِنَ الْعَدَامْ وَإِلىَ الْوُجُودْ.. ثُمَّ الْعَدَامْ بَعْدَ الْوُجُودْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ

Aku biyen ora ono
Lan Saiki dadi ono
Besok meneh ora ono
Podho bali maring Rahmatulloh

Ayo-ayo podho ngibadah
Mumpung isih ono uripe
Badan siji digowo mati
Ojo koyo kebo sapi

Luwih eco luwih Mulyo
Rasane wong ning suwargo
widodari Patang puluh loro
Kasur babut mendhut-mendut

Kursi gading ranjang kencono
Klambu sutro ditetes Inten
Cawisane wong kang bekti
Maring pengeran kang Moho suci

Luwih loro luwih susah
Rasane wong ning neroko
Klabang geni Ulo geni
Rantai geni Godho geni

Cawisane wong kang dosa
Gumampang dawuh pengeran
Ojo gumampang
Tinggal sembahyang

Ono tangis Kelayu-layu
Tangise wong wedi mati
Digedongono dikuncenono
Wong mati mongso wurungo

Rojab Jelang Romadhon (1) (‘Asar)

أَللَّهُـمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَشَعْبَانَ وَبَلِّـغْنَا رَمَضَانَ
Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan rojab
Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan sa’ban
Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan romadhon
Yalloh gusti kito nyuwun menangi wulan romadhon

Romadhon (2)

مَرْحَبًا يَاشَهْرُ رَمَضَانْ.. مَرْحَبًا شَهْرُ الصِّيَامِ
مَرْحَبًا شَهْرُالْعِبَادَةْ.. مَرْحَبًايَا خَيْرَ خَلْقِ اللهْ
عَالِمُ سِرٍّ وَّأَخْفَى .. مُسْتَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
رَبِّ فَارْحَمْنَا جَمِيْعَا.. وَامْحُ عَنَّا السَّيِّئاَتِ
رَبِّ فَارْحَمْنَا جَمِيْعَا.. بِجَمِيْـعِ الصَّالِحَاتِ

Romadhon (3) (Magrib & ‘Isya)

رَمَضَانُ قَدْ جَاءَ نَا فَبِجَاءِ رَمَضَانَ
رَبِّ لَقَدْ حَازَالْمُنَا مَنْ هُوَ أَحْيَى شَهْرَنَا
فِيْهِ لَيْلَةُ قَدْرِنَا رَبِّ آتِـيْهَا إيّاَ نَا
فِيْ قَدْ عَلَى ثَوَابَنَا ثَوَابَ اَلْفِ شَهْرَنَا
بِالَّذِيْ يُجِيْبُ بِنَا فِى عَظِيْمِ سَيِّدِنَا
سَيِّدِنَا أَحْمَدِنَا صَلَّى عَلَيْهِ رَبُّنَا
Qito Syukur mring pengeran datenge Wulan Romadhon
Bejo sekabehe insan kang miturut dedawuhan
Sampun nampeni ganjaran Laelatul Qodri Minna Syahr peparingan mring ganjaran lir ganjaran sewu wulan
Duh gusti mugi kasihan welasan mring abdi Tuan
Mring agunge kasih Tuan Jeng Muhammad kang pungkasan.

Solli Wasallimda (‘Isya)

صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ...2x
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..
Eman eman temen wong bagus ora sembayang
Eman eman temen wong bagus ora sembayang
Nabi yusuf luwih bagus yo sembayang 2x

Eman eman temen wong ayu ora sembayang
Eman eman temen wong ayu ora sembayang
Siti Fatimah luwih ayu yo sembayang 2x

Allohumarhamni Bil Qur’an (Magrib/’Isya)

أَللَّهُـمَّ ارْحَمْنِيْ بِالْقُرْآنْ.. وَاجْعَلْهُ لِيْ إِمَامًا وَنُوْرًا وَهُدًى وَّرَحْمَةْ. أَللَّهُـمَّ ذَكِّرْنِيْ.. مِنْهُ مَا نَسِيْتُ وَعَلِّمْنِيْ مِنْهُ مَاجَهِلْتُ.. وَارْزُقْنِيْ تِلاَوَتَهُ آنَاءَ الَّيْلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارْ.. وَاجْعَلْهُ .. حُجَّةً لِيْ .. يَا رَبَّ الْعَالَمِينْ.

Hasbunalloh (Dzuhur)

حَسْبُنَاللهْ وَنِعْمَ الْوَكِيلْ .. نِعْمَ الْمَوْلَى وَنِعْمَ النَّصِيرْ

Allohul Kafi (Dzuhur)

اللهُ الْكَافِ رَبُّنَا الْكَافِ قَصَدْنَا الْكَافِ وَجَدْنَا الْكَافِ لِكُلِّ الْكَافِ كَافَنَا الْكَافِ وَنِعْمَ الْكَافِ ـ اَلْحَمْدُ لِلّٰهْ

Urip Neng Alam Ndunyo (‘Isya)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ .. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينْ
Urip neng alam ndunyo ora sa’lawase
Koyo wong lelungan ono dalan mampir ngombe
Omah gedung suwargo kanggo wong kang podo iman
Utawa neroko kanggo wong kang nurut setan

Solawat Nariyah (Cocok Maghrib)

اَللّٰهُمَّ صَلِّ صَلَاةً كَامِلَةً وَسَلِّمْ سَلَامًا تَامًّا عَلىٰ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ نِالَّذِى تَنْحَلُّ بِهِ الْعُقَدُ وَتَنْفَرِجُ بِهِ الْكُرَبُ وَتُقْضٰى بِهِ الْحَوَائِجُ وَتُنَالُ بِهِ الرَّغَائِبُ وَحُسْنُ الْخَوَاتِمِ وَيُسْتَسْقَى الْغَمَامُ بِوَجْهِهِ الْكَرِيْمِ وَعَلىٰ آلِهِ وِصَحْبِهِ فِى كُلِّ لَمْحَةٍ وَنَفَسٍ بِعَدَدِ كُلِّ مَعْلُوْمٍ لَكَ

Solawat Nuril Anwar (Magrib)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ نُوْرِ الْأَنْوَارْ.. وَسِرِّ الْأَسْرَارْ وَتِرْيَاقِ الْأَغْيَارْ.. وَمِفْتَاحِ بَابِ الْيَسَارْ.. سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا.. مُحَمَّدِ نِالْمُخْتَارْ.. وَآلِهِ الْأَطْهَارْ وَأَصْحَابِهِ الْأَخْيَارْ .. عَدَدَ نِعَمِ اللهِ وَإِفْضَالِهْ

Solawat Tibbil Qulub

اَللَّهُـمَّ صَلِّ.. عَلىَ سَيِّدِنَا.. مُحَمَّدٍ طِبِّ الْقُلُوْبِ وَدَوَائِهَا..
وَعَافِيَةِ الْأَبْدَانِ وَشِفَائِهَا .. وَنُوْرِالْأَبْصَارِوَضِيَاِئهَا .. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ

Solawat Nuril Dzati

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا (وَمَوْلَنَا) مُحَمَّدِ نِالنُّورِ الّذَاتِىْ وَالسِّرِّ السَّارِىْ فِى سَائِر الْاَسْمَاءِ وَالصِّفَاتِ ـ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمْ

Solawat Jalbur Rizqi

اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ.. سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ..
صَلاَةً تُوَسِّعُ بِهَا عَلَيْنَا الْاَرْزَقْ ..
وَتُحَسِّنُ بِهَا لَنَا الْاَخْلاَقْ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ

Maula Yasoli (‘Isya)

مَوْلاَيَ صَلِّ وَسلِّمْ دَائِمًا أَبَدَا * عَلَى حَبِيْبِكَ خَيْرِ خَلْقِ كُلِّهِمِ
هُوَالْحَبِيْبُ الَّذِيْ تُرْجَى شَفَعَتُهُ * لِكُلِّ هَوْلٍ مِّنَ اْلاَهْوَالِ مُقْتَحِمِ
يَارَبِّ بِالْمُصْطَفَى بَلِّغْ مَقَاصِدَنَا* وَاغْفِرْ لَنَامَامَضَى يَاوَاسِعَ الْكَرَمِ

Do Elingo (‘Asar)

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ،
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ..
Do elingo iki zamane wis tuwo
Tuntunan agomo do dianggep kuno
Lakonono ajarane wali songo
Sing ra kerso ojo nyacad ojo ngino

Ajarane wali songo werno-werno
Dzikir tahlil kirim dungo lakonono
Moco Qur’an lan Sholawat kuli’ noho
Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no

Ono carane dakwah klawan budoyo
Umpamane koyo sunan kali jogo
Pituture mlebu ati ora kroso
Tuntunan Agomo biso di amalno

Wis kabukten rikolo zaman sa’mono
Akeh poro manungso nyembah braholo
Banjur sadar laku musyrik ditinggalno
Podo nderek ajarane wali songo

Mujahadah Mbah Damsuqi (Acara Mujahadah)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ
وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ
Ono gajah mangani roti
Ono pitik mangan krupuk
Mujahadah nentremke ati
Nyatane ratahu umuk

Eling-Eling Siro Menungso (‘Isya)

صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ
Eling-eling siro manungso
Temenono anggonmu ngaji
mumpung durung ketekanan
Malaikat juru pati

Luwih susah luwih loro
Rasane wong nang neroko
Klabang kores ketunggeng kolojengking
Klabang geni ulo geni

Alah rante geni gada geni
Cawisane wongkang duroko
Wongkang mampang dawuh pangeran
Gumampang dawuh pangeran

Luwih mulyo luwih mukti
Rasane wong ono suwargo
Patang puluh loro widodari
Kasur babut gari ngenggoni

Cawisane wongkang bekti
Dawuh Pengeran Kang Moho Suci

Ayo Ngibadah (‘Isya)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ،
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ..
Sdoyo dulur mumpung isih waras
Ayo ngibadah sartane ikhlas
Tuwo enom podo mikiro
Jeneng manungso mesti le loro

Yen wis loro banget susahe
Badan apes eling salahe
Dek ngrasani ora berduli
Ngamal bagus den-lali lali

Sdoyo dulur monggo dho ngaji
Gawe sangu besuk yen mati
Perkoro repot kudu den bagi
Godhane setan ojo dituruti

Sebab wong mati iku wis mesti
Lamon ra ngaji bakale rugi
Ono kubur setengah mati
Mungkar lan nakir podho nggebugi

Wong tuwo loro wajib nuturi
Marang anake den wulang ngaji
Yen raiso pasrah mbah kyai
Supoyo mbesuk biso manfangati

Sandangane Diganti Putih (‘Asar)

صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طٰهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ
Sandangane diganti putih
Mertanda’no raiso mulih, raiso mulih
Tumpakane kereto jowo
Rodo papat rupo menungso

Ditutupi anjang-anjang
Diurugi disiram kembang
Tonggo-tonggo podo nyawang
Podo nangis koyo wong nembang

Toto Kromo

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ
وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ
Wajib anak neng wong tuwo
Kudu nganggo toto kromo
Tindak tanduk kang prayogo
Una uni ojo sembrono
Kon sekolah kudu mangkat
Dikon ngaji kudu ngerti
Saben wektu kon sembayang
Siro kabeh wajib tumandang
Ayo poro konco-konco
Saben sore mangkat ngaji
Lamon siro ora ngaji
Nganti tuwo ora ngerti

Zakat

اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ
وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ
Wong Islam kang menangi
Surupe wulan romadhon
Kewajiban zakat fitrah
Patang mud bahan pikuat

Zakat pari sepuluh persen
Lamon ora ragad banyu
Yen ragad banyu Limang persen
Kang liyo neng kitab lan guru

Haji

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهْ...اَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينْ
مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللهْ... صَادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِينْ
Lamon kuoso lungo haji
Ojo lali sing dinafkahi
Haji iku cukup mung siji
Maslahat tonggo jo nganti lali

Ihrom wukuf towaf lan sangi
Tahallul ngetho’ rambut tlungiji
Yen wukuf ra dilakoni
Tahun sa’ bare wajib mbaleni

Saben Malem Jum’at

صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ...
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..
Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah
Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah
Perlu nyuwun ayat qur’an sa’ kalimah
Lamun ora diwenehi banjur bali karo mrebes mili
Bali meng kuburan nyunggi tangan karo tetangisan

Gusti Kulo Nyuwun Udan

اَللهُ يَا كَرِيمْ أَنْزِلْ عَلَيْنَا ×2
مِنَ السَّمَاءِ مَاءً مِدْرَارَا ×2
Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres
Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres
Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes
Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes

Urip pisan (Cocok ‘Isya)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ،
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ..
Urip pisan ora mung jajal-jajalan
Ngamal iro anekseni tahun wulan
Lawas-lawas siro bakal ketimbalan
Mring ayunaning Alloh Ambal-ambalan

Ojo demen rambut dowo ireng dadi
Mbesuk tuwo uwan mumpluk koyo medi
Menyang langgar menyang mesjid podo ngaji
Sapuh anem mboten dipun wiji-wiji

Koyo Urip Sa’lawase

اِعْمَلْ لِدُنْيَاكَ كَأَنَّكَ تَعِيْسُ أَبَدًا
وَاعْمَلْ لِآخِرَتِكَ كَأَنَّكَ تَمُوْتُ غَدًا

Ojo Dumeh (Maghrib)

صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ... صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ...
وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ..
Ojo dumeh pinter banjur do keminter 2x
Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger 2x

Ojo dumeh ayu banjur do kemayu 2x
Elingono tuwomu ompong peyot ora ayu 2x

Ojo dumeh sugih banjur do semugih 2x
Bondo iku mung nyilih mbesuk bakale mulih 2x

Ojo dumeh mlarat banjur ragelem sholat 2x
Mlarat yen ora sholat rugi dunyo lan akherat 2x

Sollallohu ‘Ala Yasin (‘Asar)

صَلَّ اللهُ عَلَى يـَس ... اَحْمَدَ الْهَادِ الْآمِينْ
وَآلِهِ وَصَحْبِهِ ... وَصَحْبِهِ اَجْمَعِينْ

Ilaahi Lastu (suasana sedih)

اِلَهِىْ لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ اَهْلاَ .. وَلاَ اَقْوَى عَلَى النَّارِ الْجَحِيْمِ
فَهَبْ لِىْ تَوْبَةً وَّاغْفِرْ ذُنُوْبِ.. فَاِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ الْعَظِيْمِ
ذُنُوْبِيْ مِثْلُ أَعْدَادِ الرِّمَـالِ فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً يَاذَا الْجَلاَلِ
وَعُمْرِيْ نَاقِصٌ فِيْ كُلِّ يَوْمٍ وَذَنْبِيْ زَائِدٌ كَيْفَ احْتِمَالِ
Duh gusti kulo sanes ahli suwargo
Nanging kulo mboten kiyat wonten neroko
Mugi gusti kerso amaringi taubat
Lan ngapuro dosa lampah ingkang lepat

Duso kulo kados pasir ing segoro
Mugi nampi tobat, Alloh ingkang mulyo
Umur kulo suda ing sak bendintene
Duso kulo tambah dos-pundi kulo nyanggane

Sifat Alloh Wujud

اَللهْ وُجُودْ قِدَامْ بَقَاءْ - مُخَالَـفَةُ لِلْحَوَادِثِ قِيَامُهُ بِنَفْسِهِ وَحْدَانِيَةْ قُدْرَةْ اِرَادَةْ عِلْمُ حَيَّةْ
سَمَعْ بَصَرْ كَلاَمْ قَادِرًا مُوْرِدًا عَالِمًاحَيًّا سَامِعًا بَصِيْرًا مُتَكَلِّمًا
Rong puluh sifat wajibe Alloh
Sifat mukhale ugo rong puluh
Siji sifat wenange Alloh
فِعْلُ مُمْكِنٍ اَوْ تَرْكُهُ.

Pentil Dzikir (‘Asar)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ
عَبْدُكَ وَنَبِيُّكَ وَرَسُوْلُكَ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ.
Witing iman, godong Syahadat
Kembang Sholawat
Pentil Zdikir wohe Puji-pujian
Ya Alloh .. Amin Amin
ya Alloh Robbal ‘aalamin

Mlangi Sebelum ‘Isya (Bulan Puasa / Sebelum Sholat Tarawih)

اَلله..هُـمَّ صَ.. صَلِّ وَ..سَلِّمْ عَلىَ..، سَ..يِّــدِ..نَا.. مُ..حَمَّ..دٍ ،
عَدَ..دَ.. مَا فِى عِلْ..مِ اللَّهِ ..صَلاَةً دَائِمَ..ةً بِ..دَ..وَامِ ..مُلْ..كِ اللهِ..

Mlangi Setelah ‘Isya (Sebelum Shalat Tarawih)

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِ وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْر..
لاَحَوْلَ وَلاَقُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ. اَللَّهُـمَّ لاَمَانِعَ لِمَا اَعْطَيْتَ وَلاَمُعْطِيَ لِمَا مَنَعْتَ وَلاَهَادِيَ لِمَا اَضْلَلْتَ وَلاَمُبَدِّلَ لِمَا حَكَمْتَ وَلاَرَادَّ لِمَا قَضَيْتَ وَلاَيَنْفَعُ ذَالْجَدِّ مِنْكَ الْجَدُّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ- اَللَّهُـمَّ.. صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ.. سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْاُمِّيِّ.. وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ.

Mlangi Allohumma Solli (Jam 12 Malam / Setelah Khutbah Hari Raya)

اَللّهُـمَّ صَ..لِ عَلىَ مُحَمَّدْ .. يَارَبِّ صَ..لِ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ …x...

Sekarat Pati

صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طٰهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ
Ojo siro banget-banget
Nggonmu bungah ono ndonyo
Malaikat juru pati
lirak-lirik maring siro

Nggone nglirik Malaikat
Arep njabut nyowo siro
Yen wes teko titi mongso
Kudu budal ra keno semoyo

Larane sekarat pati
Sewu loro dadi siji
Mergo urip podo lali
Maring tuntunan Agami

Ninggal Sholat ninggal ngaji
Mong ma`siat seng dilakuni
Mulo urip seng ati-ati
Tembe mburi ben ora rugi

Sopo wonge gelem iman,
Taat miring dawuh Pengeran
Uripe tukun semahyang
Ora lali nderes Al-Qur`an

Rino wengi seneng wiridan
Amal sunnah dadi pakulan
Lamun mati sekarate gampang
Ora kroso babar pisan.

Tombo Ati

اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ،
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ..
Tombo ati iku ono limang perkoro
Kaping pisan moco Qur’an sak manane
Kaping pindho sholat wengi lakonono
Kaping telu wong kang sholeh kumpulono

Kaping papat weteng siro ingkang luwe
Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe
Salah sawijine sopo biso anglakoni
Insya Alloh Gusti Pengeran ngijabahi

Kerèta Jawa

صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طٰهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ
Ayo kabèh para manungsa,
Mumpung urip ning alam donya,
Mbok ya padha-padha èlinga,
Limang wektu ndang lakonana.

Èlingana yèn wayah panggilan,
Yèn wis budhal (o)ra kena wakilan,
Disalini nganggo kain putih,
Yèn wis budhal ora bisa mulih.

Tumpakané Kerèta Jawa,
Rodha papat rupa manungsa,
Jujugané omah guwa,
Tanpa bantal tanpa k(e)lasa.

Omahé (o)ra ana lawangé,
Turu dhéwé (o)ra ana kancané.
Nyawané wis m(e)layang,
Ragané kecemplung juglang,

Ditutupi anjang-anjang,
Diurug disawur kembang.
Tangga-tangga padha nyawang,
Padha nangis kaya wong nembang,

Getun Temen

صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ طٰهَ رَسُوْلِ اللهْ
صَلاَةُ اللهْ سَلاَمُ اللهْ عَلىَ يَس حَبِيْبِ اللهْ
Getun temen ngungun temen
Ngumur siji ora guno
Sebab riya kelawan dengki
Ora Ngabekti kang Moho suci

Gede banget ganjarane
Wong ngibadah netepi jamaah
Karo lungguh nunggu imame
Puji lan dzikir ing panggonane

Eling-eling siro manungso
Sadurung mati Podho tobato
Tobat sakwise mati ojo
Krono ora bakal den tompo

Naruddu bihal A’da (ketika banyak maling)

نَرُدُّ بِهَا الْأَعْدَاء ...

Momong Bayi (ketika menidurkan)

اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ،
عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ اللهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ..

Tawajuhan (pada jamaah toriqoh)

اَللهْ- اَللَّهُـمَّ صَـــلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..
سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ. وَعَلىَ آلِ مُحَمَّدْ ... x...

Ba’da Tarwih (sambil pukul bedug)

اَللَّهُـمَّ صَـــلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ .. يَا رَبِّ صَـــلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ
وَسَلِّمْ اَللَّهْـ....ـهُـمَّ صَـــلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ .. يَاذَا الْجَلاَلِ وَاْلإِكْرَمْ.. مِتْنَا عَلىَ دِيْنِ اْلإِسْلاَمْ ..
صَـــلَّ اللهُ عَلىَ الْهَادِىْ .. صَـــلَّ اللَّهُ عَلىَ الْهَادِىْ مُحَمَّدْ .. شَفِيْعِ الْخَلْقِ فِىْ يَوْمِ الْقِيَامَةْ

Muhammadun Basyar (‘Isya)

صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ x 2 # وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ x 2
مُحَمَّدٌ بَشَارٌ لاَّ كَالْبَشَرِ x 2 # بَلْ هُوَ كَالْيَقُوْتِ بَيْنَ الْحَجَرِ x 2
اَللَّهُـمَّ إهْدِنَا صِرَاطَ الْمُسْتَقِيمْ x 2 # صِرَاطَ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينْ x 2

Amin Ya Amin (akhir do’a)

آمِنْ يَاآمِينْ - آمِنْ يَااَللهْ
اِسْتَجِبْ لَنَا - رَبَّ الْعَالَمِينْ
Mugi mugiyo den sembadani
Panyewun kulo dateng ilahi

Penutup:
Ketika prihatin dengan terlupakanya Syair-syair para Wali yang penuh makna dan lirik lantun yang sangat cocok dengan kultur jawa.
Dengan ini kami mengajak untuk mengabadikan kembali melantunkanya di Masjid / Mushola yang biasa puji-pujian sebelum Sholat.
Demikian kami rasa sudah cukup panjang dan lengkap, apabila masih ada yang merasa kurang, silahkan komentar dibawah artikel ini agar kami bisa melengkapinya.


***************** SEMOGA BERMANFAAT *****************

Silahkan Download dari Sumbernya: http://dc407.4shared.com/doc/kkJUuTpm/preview.html

Terima kasih telah membaca artikel kami yang berjudul: Kumpulan 74 Syair (Puji-Pujian) Wali Tanah Jawa, jangan lupa ikuti website kami dan silahkan bagikan artikel ini jika menurut Anda bermanfaat.

Pengalaman adalah Guru Terbaik. Oleh sebab itu, kita pasti bisa kalau kita terbiasa. Bukan karena kita luar biasa. Setinggi apa belajar kita, tidahlah menjadi jaminan kepuasan jiwa, yang paling utama seberapa besar kita memberi manfaat kepada sesama.